Ngalah
Ora Ateges Kalah
Ing sawijining dina aku dolan
karo kanca-kancaku, Pita, Mbak Sari, Mbak Tri, lan Mbak Nia. Pita kuwi kanca
kenthelku, nengendi-ngendi aku lan Pita mesthi dolan bareng. Pawakane ayu lan
ora lemu. Mbak Sari kuwi kancaku kang jarang dolan. Gaweane gur turu wae,
pawakane ora dhuwur lan radha lemu. Yen Mbak Tri wonge kuru tur dhuwur. Sing
keri dewe Mbak Nia, wonge ayu, kulite putih, lan dhuwur. Mbak Nia kuwi anake
dhukuh ning desaku. Dina kuwi aku lan kanca-kancaku dolan ing omahe Mbak Tri.
Ning kono aku lan kanca-kancaku padha sesrawungan disambi lutisan pelem amarga
pelem ing omahe Mbak Tri lagi awoh. Peleme gedhe-gedhe lan seger.
Dina kuwi aku seneng banget
amarga aku wis suwe ora ketemu kanca-kancaku. Nanging aku ngrasa ana sing aneh
karo Mbak Nia, mbiyen Mbak Nia wonge alim lan ora neko-neko ananging saiki Mbak
Nia wis berubah. Omangane ora becik lan aku uga ndelok tatto ing gulu lan
tangane. Aku kaget banget. Amarga dina wis peteng, aku lan kanca-kancaku mulih
ing omahe dhewe-dhewe.
Dina berikuteaku ngenengke Mbak
Nia. Aku ngarep-arep Mbak Nia sadhar yen dheweke salah. Dakkira sing ngrasakake
Mbak Nia aneh gur aku. Ternyata kanca-kancaku uga ngrasa. Akhire aku lan
kanca-kancaku ngenengke Mbak Nia.
Ing sawijining dina, Mbak Nia gawe
status ning facebook kang unine “Heh, karepmu apa Win? Aku ora ngrasa salah
apa-apa. Nek wani moro ing ngomahku ora gur ing mburiku.” Aku lan Pita sing pas
kuwi lagi ngenet bareng kaget ndelok statuse Mbak Nia. Akhire aku ngomen ning
statuse mbak Nia kang unine, “Weh, kok emang kowe nesu karo aku ya rasah gawe
status ning facebook nganggo jeneng kaya ngono kuwi. Kuwi jenenge pencemaran
nama baik.”Pita uga melu-melo ngomen, unine, “Lhaiyo, nek wai moro. Jago
kandang.”
Aku kang wis radha risih ngajak
kanca-kanca rembugan. Aku, Pita, lan Mbak Tri ngumpul ing omahe Mbak Sari. Mbak
Sari usul, “Kepiye yen Nia ding kongkon mrene wae terus masalahe dirampungke
bareng-bareng?”. Aku sing rumangsa kurang setuju mangsuli,” Aja-aja ora setuju
aku. Aku wegah nek mengko malah marakke
geger.” Ternyata Pita uga setuju karo omonganku, lan kanda,”Hem, aku setuju
karo Wina, mengko ndak dikira ana apa-apa.” Mbak Tri sing ket mau gur dolanan
HP dakpliriki karo kanca-kanca. Sing rumangsa diplirikki banjur muni,” Ana apa?
Aku lak mung manut wae.” Akhire ora ditemukake dalane nggo ngrampungke masalah.
Ing omah aku
mikir-mikir, kepriye carane supaya masalahe cepet rampung lan ora saya dawa.
Akhire aku sms Mbak Nia kang intine njaluk ngapura amarga aku uga ngrasa yen
aku salah. Seharuse aku meneng wae lan ora kakehan komentar. Aku wegah
kekancanku karo Mbak Nia rusak merga masalah cilik. Ananging Mbak Nia gur
nyauri, “yoh.” Sakjane aku radha mangkel nanging aku trima meneng wae ndak
malah tambah ruwet masalahe.
Piarang-pirang dina aku ora
dolan karo Mbak Nia. Ujug-ujug Mbak Nia sms aku kang intine njaluk ngapura.
Sawise dina kuwi aku apikan karo Mbak Nia. Kuwi faedahe yen ngalah. Aku wis
wegah mungsuhan maneh karo kancaku amarga rasane ora enak kaya sop ra nganggo
bumbu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar