Assalamu’alaikum Wr. Wb
Nuwun,
ingkang kinurmatan Bapak Joni kalian sedherek-sedherek kelas 9B ingkang
sutresna. Ingkang sapisan, sumangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur
marang Gusti kang Maha Agung saengga kula lan panjenengan sedaya saged kempal
manunggal ing mriki kanthi sehat wal afiat.
Bapak
kalian sedherek sedaya, wonten mriki kula badhe ngaturaken pidato ingkang judulipun
“ Unggah-ungguhing Basa”. Ing era globalisasi punika, kathah tiyang enem ingkang mboten saged unggah-ungguhing basa. Geneya unggah-ungguhing basa nggambaraken kepribadian tiyang
punika. Unggah-ungguhing basa wonten pinten-pinten tingkatan, inggih punika
basa krama alus(krama inggil), krama andhap, ngoko alus, lan ngoko andhap.
Krama inggil kedah diagem marang tiyang ingkang sepuh, guru, utawi sedherek
ingkang sepuh. Krama andhap saged diagem marang tiyang ingkang dereng dikenal
utawi nembe tetepungan. Ngoko alus saged diagem marang kanca utawi sedherek
ingkang seumuran. Menawi ngoko andhap saged diagem marang adhi utawa tiyang
ingkang luwih enom.
Tiyang
enem kathah
ingkang mboten ngagem unggah-ungguhing basa amargi mboten saged basa krama.
Mboten sekedhik tiyang enem milih ngagem basa Indonesia menawi sesrawungan kalian
tiyang sepuh utawi guru. Pinangka tiyang enem, kula lan panjenengan sedaya kedah saged basa krama lan
nerapaken ing masyarakat, keluarga, utawi sekolah amargi kula lan panjenengan
sedaya pinagka penerusing bangsa ingkang kedah njaga warisaning bangsa yaiku basa daerah.
Ing mriki kula mboten wonten maksud nggurui panjenengan sedaya. Kula inggih
nembe nyinau ngagem basa ingkang trep lan sae.
Namung
punika ingkang saged kula aturaken mugi-mugi saged bermafaat kangge kula lan
panjenengan sedaya. Menawi wonten kalepatan, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaium Wr. Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar